English French German Spain Italian Dutch

Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Minggu, 24 Juni 2012

Kesenian Jawa

Peradaban saking pulo Jawa iku akeh ngelairke jenis kesenian-kesenian utamane kesenian tradhisional antarane: tari Jawa, wayang, gamelan Jawa lan liyane. Seliyane iku uga tumbuh jinis-jinis kesenian sing modern/anyar utamane sing dikembangake Institut Seni Indonesia Yogyakarta lan Institut Seni Indonesia Surakarta.
Kesenian tradhisional Jawa, utamane Jawa Tengah lan Yogyakarta umume tumbuh saka lingkungan kraton, yen saka Jawa Wetan jinis-jinis keseniane umum tumbuh saka kabudayaan rakyat.

Jawa Wetan

Kesenian sing urip neng Jawa Wetan iku tumbuh saka saling pengaruh antara budaya Jawa kuna lan budaya Madura. Jinis kesenian sing misuwur saka Jawa Wetan yaiku reog lan ludruk.

Wétan

(Dipunpindhah saking Wetan)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kompas
Wétan (Basa Indonesia: timur, basa Inggris: east), iku salah siji arah mata angin. Ing péta, arah iki biasa anané ing sisih tengen. Amarga bumi ngalami rotasi arah mangétan mula bulan lan srengéngé muncul utawa mlethèk ing sisih wétan.
Lawan arah wétan yaiku kulon.

Uga pirsani

Réog

Réog iku salah sijining seni rakyat sing asalé saka Jawa Wétan sisih kidul-kulon sakiwa-tengené Kabupaten Panaraga. Ing tlatah iki kondhisi sosio-budaya isih sarat mawa prakara-prakara magis lan aliran kebatinan Kejawèn isih kuwat. Kesenian réog iki isih kuwat gandhèngané karo praktèk magis turunaning para leluhur.

 

Pamentasan

Réog modhèrn biyasané dipentasaké nalika ana prastawa-prastawa wigati kayata ritus-ritus passage, tuladhané wong kawinan lan tetakan (supitan) lan dina-dina gedhé nasional.
Seni] Réog Panaraga kasusun saka sawetara rangkaian 2 nganti 3 jogèd pambuka. Jogèdan kapisan biyasané dipentasaké déning 6 nganti 8 priya gagah kendel sing klambènan werna ireng lan rainé dipolèsi werna abang. Para panjogèd iki nggambaraké sosok singa sing kendel. Sawisé ana jogèdan sing dipentasaké déning 6 nganti 8 bocah wadon sing numpaki jaran. Ing réog tradhisional, para juru jogèd iki biyasané diperanaké déning wong-wong lanang sing nganggo klambi wadon. Jogèdan iki diarani tayuban jaran képangan. Jogèdan pambuka liyané yèn ana biyasané dipentasaké déning bocah cilik sing mentasaké adhegan lucu.
Sawisé jogèdan pambuka bubar, lagèk dituduhaké adhegan inti sing isiné gumantung karo prastawa sing mentasaké seni réog. Yèn gandhèngané karo kawinan, banjur adhegan asmara sing dipentasaké, yèn tetakan ya biyasané carita laga.
Adhegan ing seni réog biyasané ora miturut skénario sing kasusun rapi. Mesthi ana interaksi antara pemain lan sang dhalang (biyasané pamimpin rombongan) lan sok-sokan karo penonton. Kadhangkala pemain sing lagi pentas bisa digantèni karo pemain liyané yèn dhèwèké kesek. Sing utama ing seni pementasan réog iku bèn sang penonton marem.
Adhegan pungkasan iku arupa singa barong, para pemainé nganggo topèng awujud endhas singa mawa makutha sing dipahési mawa wulu-wulu merak. Topèng iki aboté bisa nganti 60 kg. Topèng sing abot iki digawa karo penontoné mawa dicokot karo untuné. Sing ngangkat kudu sing wis kuwat lan bisané katekan kudu karo latihan sing abot lan dipracayani uga bisané olèh déning latihan spiritual kayata pasa lan mbangun tapa.

Kontrovèrsi

Seni jogèdan réog diklaim déning Malaysia dadi darbèné negara iki ing situs wèb resmi Kementrian Kebudayaan, Kesenian dan Warisan Malaysia. Jogèdan Réog sing diklaim Malaysia dijenengaké Tari Barongan, lan unsur-unsuré padha, namung caritané diènggokaké dadi "Caritaning Nabi Suléman". [1]
Prakara iki dadi kontrovèrsi lan gègèran ing sasi Novèmber 2007. Rakyat Panaraga pradul lan nyuwun marang bupati Panaraga supaya protès karo pamaréntah Malaysia.

  

Ludruk

Ludruk iku seni panggung sing asalé saka Jawa Wétan. Pramila, Ludruk iki muncul saka kesenian rakyat jenengé Besutan, seni besutan iki biyèn dipéntaské ing ratan ditonton karo akèh uwong.
Ludruk kasebar ing tlatah Jawa Wétan sing budayané budaya Arekan, wiwit saka Jombang nganti Jember.

Isi crita

Ludruk iki béda karo kethoprak, amarga ludruk critané perkara panguripan sak dina-dina lan sok-sokan nyritakaké perkara kahanan anyar kaya ta kadadéyan ing negara. Biasané ludruk dibukak karo tandhakan kaya tari ngremo, utawa beskalan putri yèn ludruk cara Malangan. Pambukané ludruk biasané kawujud parikan (nembang/ngidung) sing isiné ana gandhèng cènèngé karo kahanan anyar.

Basa ludruk

Dhialog ing ludruk iki biasané nganggo dhialèk Surabayan, sawetara Ludruk ing tlatah Prabalingga, Lumajang lan Jember nganggo basa Madura.
Salah sijining protagonis ludruk sing misuwur yakuwi pak Sakera, jagowané wong Madura.

Génerasi ludruk

  • Ludrug Bandan
  • Ludrug Lerok
  • Ludrug Besutan
  • Ludrug Stambul Jawi
  • Ludrug Sandiwara
  • Ludrug Seni Drama

Klompok ludrug kondhang

  • Ludrug Marikangen
  • Ludrug Genthèng Legèn
  • Ludrug Rombongan Cak Durasim
  • Ludrug Jawa Timur
  • Ludrug Sekar Mulya
  • Ludrug Marhaen
  • Ludrug Masa
  • Keluarga Ludrug RRI

Wacan

  • Nglacak Sejarah Perkembangan Seni Ludrug, Ki Soemardji A. (Kalawarti Jayabaya No. 49 Agustus 1972).

Jawa Tengah lan Yogyakarta

Saka Jawa Tengah lan Yogyakarta sing paling berkembang yaiku jinis-jinis kesenian tari Jawa sing dikembangke neng lingkungan kraton, uga saiki berkembang jinis-jinis kesenian sing luwih modern sing dikembangake ISI Yogyakarta lan ISI Surakarta. Khusus bidang seni rupa malah dikembangake secara khusus neng ISI Yogyakarta malah wis dibentuk dadi Fakultas khusus seni rupa.

Jawa Banyumasan

Sing radha unik saka jinis-jinis kesenian dhaerah Banyumasan iki yaiku anane pengaruh gaya Sundha neng jinis-jinis keseniane. Jinis kesenian sing misuwur saka dhaerah Banyumasan iki yaiku lengger lan calung Banyumasan.

Kesenian anyar


Kroncong

Keroncong yaiku asline tembang Jawa sing dinyanyekake kranthi dayu-dayu. Keroncong biasane disuguhake kanggo nyenengake para tamu ing jagongan utawa pesta. Saking aluse, mulane keroncong akeh disenengi wong tuwa tinimbang bocah enom sing luwih seneng aliran campursari.

 

 Mbah Gesang , Maestro Keroncong

Kethoprak

 Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging uga bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan bisa ngasoraké kesenian liyané, umpamané Srandul, Emprak, lan sakliyané.
 

Sajarah

Kethoprak wiwit bebukané awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaaké lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembé kaéring tembang bebarengan ing kampung /dhusun kanggo lelipur. Sak terusé ana tambahan kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjuré ana ing tahun 1909 wiwitan dianaaké pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsané masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike uga dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.

Jinis

Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke mengkene :
  • Kothékan Lesung : awujud awal mulané Kethoprak lan dadi winih ing tembé mburi dadi pagelaran Kethoprak.
  • Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kothekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripané para tani .
  • Kethoprak Lesung : Amujudaké pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta kendhang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal dadi lahire pagelaran Kethoprak.
  • Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
  • Kethoprak Gamelan Pendhopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprené . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo').
  • Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanthi carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , ugo kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawé luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.

Isi carita

Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana Indonesia, contone karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita klangenan masyarakat bisa arupa carita pahlawanan, paperangan , carita nglempengake kabeneran biasane ing akhir carita sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan.
Ageman para nayaga pemain di padaake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogaakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebuat "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki biasane ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi.
Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedaake adegan siji lan sijine,

Kagem para maos sing kepingin midhangetake kethoprak ing format mp3 bisa ngundhuh ing kene http://apdnsemarang.wordpress.com/dagelan-ludruk-ketoprak/

Perangkat pengiring

Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari .
Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan . mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu.Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.

Uga pirsani


Campursari

Campursari iku sawijining jenis tembang cara Jawa sing sajatine campuran saka gamelan Jawa lan piranti musik modern.Campursari kang ngemot pirang-pirang aspek seni (sajroning lelagon pepak banget). Katitik saka lagu kang kerep dianggo campursari bisa awujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak, lan sanes-sanesipun. Tokoh campursari sing kondhang, yaiku Manthous saka Gunung Kidul.Katitik saka instrumen kang dianggo bebarengan kanthi trep, nganti kepenak dirungokake. Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni seni campursri. Instrumen campursari kang kerep kanggo kayata kendhang, demung, gong, rebab, piano lan gitar.Lelagon campursari mono kang baku seneng, gumyak, lan nges swasanane. Padatan campursari kerep kanggo nglipur ing pahargyan, embuh iku mantenan, sunatan, tasyakuran lan liya-liyane.Campursari uga asring dianggo dening pendhagel, gara-gara ing wayang kulit, utawa wayang wong, limbukan wayang kulit, dhagelan ing kethoprak lan sapanunggalane.

Wujud Campursari

Lelagon campursari

  • Gethuk.
  • Tambat Ati
  • Nonong
  • Randha Kempling
  • Reformasi
  • Hewes-Hewes
  • Cucak Rowo
  • Mbah Dukunng,

Lelagon sekar gendhing campursari

  • Wahyu
  • Ayak Pamungkas
  • Rangu-Rangu
  • Puspa Giwa
  • Gandamastuti
  • Umbul Donga

Macapat campursari

  • Asmaradana : Anjasmara Arimami
  • Dhandhanggula : Sidaasih, Turu Lare
  • Mijil Kethoprak : Dedalane

Pucung dolanan campursari

  • Dhayohe Teka
  • Turi-Turi Putih
  • Aja Lamis
  • Buta Galak
  • Iris-irisan ela
  • Canthing
  • Jali.

Penembang campursari

 

Kenthongan

 

Kenthongan utawa ing basa kasebut jidor yaiku alat kotèkan kang digawé saka wit, pring utawa bahan kayu jati kang diukir Mumpangat kenthongan bisa kanggo pertanda utawa ing basa Indonésia kasebut alarm, kode komunikasi jarak kang adoh, morse, piranti adzan, uga pertanda cilaka. Wujud kenthongan kasebut kurang luwih 40cm lan dhuwur 1,5M-2M. Kenthongan asring dipigunakake kanggo piranti komunikasi ing zaman biyen kang ana ing penduduk kang ana ing dhaerah utawa pagunungan / Paredèn .

Sajarah

Sajarah budaya kenthongan kang ana wiwit asal-usulé saka legenda Cheng Ho kang misuwur saka Cina nganakake panjebaran agama islam .Ing Sakjroning panjebaran Cheng Ho nemukake kenthongan lan didadekake piranti/alat wicara ritual kaagamaan. Panemuan kenthongan kasebut digawa ing tlatah China, Korea, lan Jepang. Kenthongan uga bisa ditemukake wiwit awal Masehi.Ing Nusa Tenggara Kulon, kenthongan ditemukake ing Raja Anak Agung Gede Ngurah kang kuasa ing sakubenge kurang luwih abad XIX , uga migunakake kenthongan kanggo ngumpulake rakyat . Ing Yogyakarta wiwit mangsa krajaan Majapahit, kenthongann Kyai Gorobangsa asring dippigunakake kanggo ngumpulake utawa ngundang ing sakjroning masyarakat .[1]

Kenthongan iku kagolong kesenian ing Banyumas. Sebenere kenthongan ora beda adoh karo calung, pada-pada digawe saka bahan dasar pring. Kenthongan juga biasa diarani "tek tek" dhaerah sing lagi anget-angeté majukna kesenian tek-tek yaiku Banyumas karo Purbalingga.Kegiatan kentongan awale cuma nggo kesenengane wong pada ronda, jumlahe 4-5 wong pada nganggo kentong muter keliling desa. siki kentongan wis dilombakna lan jumlah pemaine rata-rata 30an lan nganggo mayoret mbarang. dandanane wis ngejreng! biasane nganggo klambi sing mencereng supayane narik perhatian penonoton. mayorete ya uga kenya sing esih enom lan pinter joget. alat-alat sing digunakna antara lain kenthongan (alat utama), bedug(cacahe 2), kecrek, calung, suling, angklung, teplak lan alat-alat liyane sing sengaja ditambahna supayane bisa gayeng. lagu sing sering dimaina neng grup-grup kentongan biasane lagu-lagu dangdut lan campur sari, sebenere kabeh lagu bisa diganti aransemene tapi tergantung pinter-pintere pemaine pada.
Kenthongan saka pring
grup-grup kentongan saiki wis madan profesional, saben tampil mesti njaluk bayaran sing lumayan. wis akeh grup sing tampil ning daerah-daerah liyane lan entuk sambutan sing meriah. grup-grup kentongan sing ana ning banyumas cacahe akeh banget, meh saben desa duwe grup kentongan. kanggo contoh bae grup Gandrung Laras sekang desa ciberung Ajibarang, grup Paijo Ajibarang, Debita, Singo laras, lan sapanunggalane.
angger kepengin lewih ngerti karo kentongan bisa ditakokna maring dinas pariwisata banyumas ben olih penjelasan sing lewih lengkap.

Cathetan suku

  1. Moertjipto, dkk. 1990. Bentuk-bentuk Peralatan Hiburan dan Kesenian Tradisional Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Direktorat Jenderal Kebudayaan, Direktorat Sejarah dan Nilai Tradisional, Proyek Inventarisasidan Pembinaan Nilai-Nilai Budaya.
  2. Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Kebudayaan Daerah (Indonesia). 1985. Ensiklopedi Musik Indonesia Jilid 4. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Proyek Inventarisasi, dan Dokumentasi Kebudayaan Daerah.

 

0 komentar

Posting Komentar